18/09/2023
Tak rasakna ekonomi rayat cilik kayong lagi susah. Regan kebutuhan pokok, kayak beras karo liya-liyane tambah munggah. Baranganuk, kebutuhan sadina-dina kayong sangsaya nambah. Ya, kayong cekelan batuk bae o..
Sing biasane pada kuli, kiye wayahe esih ketiga. Sawah, galengane esih pada nela. Udane ora teka-teka, kocape “randu garing”. Barang kaya kuwe, sing nggo mangan karo njajane bocah, nggal dina laka pedote. Ya, akhire nyorok njero, mbobok celengan. Sotene sing nduwe. Sing laka ya, akhire direwangi ngutang.
Sing biasane pada kuli, kiye wayahe esih ketiga. Sawah, galengane esih pada nela.